Dinten Ambal Warsa Pamarintah Kabupaten Karanganyar Kaping – 99 Warsa 2016 ~ SDN 01 SELOROMO -->
UNGGUL PRESTASI, LUHUR BUDI PEKERTI, BERKARAKTER, BERWAWASAN LINGKUNGAN

Dinten Ambal Warsa Pamarintah Kabupaten Karanganyar Kaping – 99 Warsa 2016

by in 0


Upacara Ing Dinten Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar

Dinten/surya kaping : Jumah pahing, 18 Nopember 2016
Panggenan : SDN 01 Seloromo
Ageman : Kebaya lan Beskap
 
Assalaamu'alaikum Wr.Wb
Murwakani tanggap wara ing Tata Cara Pengetan Dinten Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar punika, sumangga kula dherekaken tansah munjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Murbeng Dumados, awit saking ridho, hidayah saha inayah- Ipun panjenengan lan kula saget pepanggihan hanjenengi saha hangestreni tata cara Bandera Pengetan Dinten Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar ingkang kaping 99 punika kanthi saras, wilujeng nir ing sambekala.

Pandherek tata cara ingkang kula kurmati, Dinten punika Jumat Pahing surya kaping 18 November 2016 Kabupaten Karanganyar jangkep yuswa 99 Tahun. Gumreguting sadaya warga Mengeti Dinten Wiyosan ing warsa punika, kangge mujudaken raos syukur minangka kasil saking sedaya pangupadaya, kathah adicara ingkang badhe saha sampun kalaksanan. Ingkang punika dhumateng para pamangku karsa, paniti laksana saha dhumateng sedaya perangan ingkang sampun hanyengkuyung murih lancar saha suksesipun adhicara kasebat, kula aturaken agunging panuwun saha pangalembana ingkang ageng. Ing perangan sanes sedaya adicara ingkang sampun rinonce mboten ateges reroncening adicara ingkang boros saha muspra, nanging minangka sarana kangge atur panglipur dateng masyarakat ugi mujudaken ukuran kasilipun kegiatan wonten ing babagan Pamarintahan, Pembangunan saha Kemasyarakatan.

Pandherek tata cara ingkang bagyo mulya, Adhedhasar saking sejarah dumununging Kabupaten Karanganyar, saking amanat KGPAA Mangkunegoro Kaping VII rikala nglantik jumenengipun KRT Hardjohasmoro jumeneng Bupati Kapisan inggih punika: Panguwasa utawi Pejabat murih saget dados conto utawi tuladha, kedah tansah wonten ing kasaenan, setia saha tuhu rikala hangemban tugas Nagari sarto mboten dadosaken cuwanipun para leluhur. Tansah ngati-ati rikala ngemban amanah, hanjagi masyarakat murih sami sayuk rukun, mboten kaliren saha sepi ing panggawean sarta haningkataken masyarakat ingkang bagyo mulyo, Ugi jumbuh kalihan sesanti Tri Dharma saking KGPAA Mangkunegoro Kaping I inggih kang aran Pangeran Samber Nyawa ; Rumangsa Melu Handarbeni; Wajib Melu Hanggondheli saha Mulat Sarira Hangrasa Wani, tansah hanjenengi saha dados inspirasi palaksanan VISI saha MISI Kabupaten Karanganyar Tahun 2013 – 2018 minangka ngupadi murih Bagyo Mulyanipun Masyarakat.
 
Pandherek tata cara ingkang kula Khurmati, Syukur Alhamdulillah bilih sadaya kegiatan sahe ing Babagan Pamarintahan, Pambangunan saha Kamasyarakatan ingkang kawengku ing Visi Misi kasebat hawit saking sengkuyung saking sedaya lapisan masyarakat sampun kalaksanan kanthi lancar, aman, sahe saha migunani kangge masyarakat. Saget kula haturaken ugi bilih awit panyengkuyung panjenengan sami, Kabupaten Karanganyar pikantuk kathah pangalembono sae ing tataran pamarentah Provinsi, Pamarentah Pusat saha Lembaga Lembaga sanesipun, ing antawisipun Anugrah Kawastara Pamitra saking Kemendikbud wonten ing program penyiapan calon kepala sekolah; Manggala Karya Kencana minangka pangalembana dhumateng Bupati ing babagan Keluarga Berencana (KB); Wahana Tata Nugraha (WTN) pangalembana ing babagan Transportasi Saha Wajar Tanpa Pengecualian (WTP) minangka pangalembana ing babagan Laporan Keuangan Daerah saking BPK RI. Namung kewala kula ugi ngrumaosi, bilih taksih kathah bab-bab ingkang dereng pinujud saha ndadosaken saperangan masyarakat rumaos cuwa, keparengna kula nyuwun agenging samodra pangaksami. Ing sak lajengipun kula nggadhahi tekad saha pangajab bilih Kabupaten Karanganyar wonten ing tahun-tahun candhakipun kedah langkung sae, langkung ngrembaka, langkung kuncara saha sejahtera lahir batin masyarakat sedayanipun tanpa kewala. Tekad saha pangajab kalawau tamtu mbetahaken tambah gumreguting-panyengkuyung sedaya masyarakat. Pandherek tata cara ingkang bagyo mulya, Pengetan Ambal Warsa kaping 99 ing tahun 2016 punika nggadahi thema : Karanganyar Maju Dan Cerdas , kanthi thema punika kaajab bilih sedaya lumampahing tatanan pembangunan saget ngasilaken wujudipun masyarakat ingkang majeng ing babagan budaya saha pangertosan ilmu saha teknologi, Cerdas wonten pamikiran saha tindakan rikala ngadhepi sadaya perkawis. Awit saking punika keparengna kula ngajak dhumateng sedaya peranganing masyarakat hanyengkuyung program Pamarintah, saha mbudidaya murih wujudipun Karanganyar Ingkang Maju lan Cerdas.
Para Pandherek Tata Cara Ingkang Kula Kurmati, Mekaten tanggap wara ing Tata Cara punika, mugi andadosna pangertosan kita sami. Minangka pungkasaning atur keparenga kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng sedaya Panitia saha masyarakat ingkang hanyengkuyung reroncening pengetan punika kanthi aman, lancar lan sae. DIRGAHAYU KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 ! Mugi Gusti ALLAH SWT tansah hangayomi saha paring ridho dhumateng sedaya rekadaya kita sadaya.
Wassalamualaikum Wr. Wb.




Leave a Reply